Cari Disini

Minggu, 05 Agustus 2018

Patih Sengkuni Juru Pratikele Para Kurawa



            Kacarita, nalika Prabu Duryudana jumeneng nata ing praja Ngastina, ana sawijine pawongan kang kondhang kaloka, misuwur nduweni kapinteran, lan maneka warna raka daya. Pawongan kuwi ora liya patih negara Ngastina, ya Patih Harya Sengkuni. Sawijine Patih kang dadi juru pratikele para sata Kurawa.
            Wiwit biyen nalika para kurawa isih mudha, sengkuni wis mikirake kepriye carane supaya para Kurawa bisa mukti wibawa ing praja Ngastina. Bab kuwi jalaran dheweke ngerti yen para Kurawa dudu anake raja. Mula mokal yen Kurawa bisa dadi raja. Awit saka kuwi, dheweke banjur golek cara supaya raja Ngastina wektu kuwi, Prabu Pandhu, bisa dilengserake utawa dipateni.
            Krenahe Sengkuni kuwi mau nyata kasil. Sengkuni kasil ngedu Prabu Pandhu lan muride dhewe yaiku Prabu Kala Tremboko, raja buta saka Pringgandani. Wusanane Prabu Pandhu seda sampyuh klawan Prabu Tremboko. Sawise kuwi, kalungguhan raja ing Ngastina banjur dipasrahake marang Adipati Dhestharastra, kakange Prabu Pandhu utawa bapake para Kurawa.
            Sedane Prabu Pandhu lan diangkate Dhestharastra dadi raja Ngastina, nyatane durung bisa maremake atine Sengkuni. Dheweke isih kuwatir marang anak turune Prabu Pandhu, para Pandhawa. Sanadyan Dhestharastra wis dadi raja, nanging Dhestharastra kuwi kalungguhane mung raja wakil. Dhestharastra mung dadi wakile para Pandhawa, jalaran nalika kuwi Pandhawa isih cilik. Dhasar Dhestharastra pancen apik bebudene, mula dheweke nduwe kekarepan arep mbalekake kalungguhan raja marang para Pandhawa yen Pandhawa wis diwasa. Bab kuwi njalari sumelang atine Sengkuni.
            Supaya bisa muktekake ponakan-ponakane, para kurawa, Sengkuni banjur nganakake maneka cara supaya bisa nyingkirake para Pandhawa. Kaya dene kedadeyan Bale sigala-gala kang ora liya merga reka dayane Patih Sengkuni. Nalika Puntadewa arep diangkat dadi pangeran pati, Sengkuni menehi pamrayoga supaya Puntadewa sakadang nganakake sesaji lan lek-lekan suwengi natas luwih dhisik. Alesane yaiku amrih negara Ngastina diparingi keslametan dening Gusti. Dhestharastra sarujuk marang pamrayogane Sengkuni.
Sengkuni banjur ngongkon sawijine tukang sing jenenge Purucana, supaya nggawe omah sing gampang diobong. Dadi nalika para Pandhawa nganakake sesaji lan lek-lekan, para Kurawa sengaja menehi racun ing ombenane para Pandhawa. Tujuwane supaya para Pandhawa semaput lan mengkone bale sing dinggoni kuwi bakal diobong.
            Emane, reka dayane Sengkuni kuwi ora kasil. Para Pandhawa bisa luwar saka bale sing diobong kuwi mau. Para Pandhawa bisa metu saka Bale kasebut kanthi cara ngetutake garangan putih kang nggawe leng ing ngisore bale. Sawise kasil metu saka bale kasebut, para Pandhawa banjur urip ing alas kanggo sawetara wektu amrih ngleremake kahanan lan ora konangan dening para Kurawa.
Sanadyan reka dayane Patih Sengkuni nyata ora kasil, nanging dheweke tansah ngupayakake amrihe Pandhawa bisa mati. Saben ana kalodhangan sing dikira trep, Sengkuni mesthi nggunakake kalodhangan kasebut kanggo nggawe rekadaya-rekadaya liyane. Kaya dene kedadeyan Pandhawa dhadhu kang dumadi sawise Pandhawa kasil mukti wibawa, mangun praja Ngamarta.
Nalika Puntadewa wis jumeneng nata ing Praja Ngamarta, akeh para raja kang padha ngakoni kawibawane Prabu Puntadewa. Bab kuwi njalari Duryudana kang uga wis jumeneng nata ing Ngastina, dadi melek marang kamuktene para Pandhawa. Apa maneh Duryudana uga rumangsa wis disepelekake dening para Pandhawa nalika dheweke nekani sesaji raja suya sing dilakoni dening Prabu Puntadewa. Mula saka kuwi, Duryudana lan Sengkuni banjur golek cara amrih bisa males lan bisa ngepek praja Ngamarta.
            Saka pamrayogane Sengkuni, Duryudana banjur ngundang para Pandhawa menyang Praja Ngastina kanthi pawadan nyedhakake paseduluran lan seneng-seneng dolanan dhadhu bebarengan. Puntadewa sing pancen becik bebudene, ora gelem nduweni penyana sing ala marang Duryudana. Sanadyan sedulure sing liya, kaya dene Werkudara lan Arjuna, ora percaya marang Duryudana. Merga Puntadewa kuwi sedulur tuwa, mula dulur-dulur liyane mung bisa manut nyarujuki undangane para Kurawa.
            Ing Praja Ngastina, sata Kurawa padha ewuh nyamaptakake pambagya tumrap tekane para Pandhawa. Nalika kuwi Resi Bisma uga rawuh ing Ngastina. Dheweke lagi wawanrembug klawan Duryudana, Sengkuni, Durna, lan Adipati Karna. Resi Bisma ing kono ngelingake marang Duryudana yen sing arep dilakoni kuwi ora becik lan klebu larangane negara. Resi Bisma ngendika yen ngundang para Pandhawa kuwi becik, nanging yen dibacutake main dhadhu dheweke ora sarujuk.  Jumbuh klawan ature Resi Bisma, Pandhita Durna uga mrayogakake supaya Duryudana murungake niyate kanggo maeka para Pandhawa lumantar main dhadhu. Saliyane kuwi, Adipati Karna uga kandha yen arep ngrebut Ngamarta, kudu kanthi cara satriya. Yaiku adu tandhing ing paprangan, dudu apus-apus lumantar main dhadhu.
            Sakabehe pamrayoga saka sesepuh lan Karna kasebut ora digubris dening Duryudana. Duryudana wis percaya marang apa kang dadi rencanane pamane, Sengkuni. Resi Bisma, Pandhita Durna, lan Adipati Karna banjur ninggalake Praja Ngastina jalaran ora sarujuk marang tumindake Sengkuni lan para Kurawa.
            Ora let suwe, para Pandhawa katon teka ing Praja Ngastina. Patih Sengkuni katon bungah lan sumringah nalika ngaturake pambagya tekane para Pandhawa. Ing pendhapa agung, para Kurawa wis nyedhiyakake dhedhaharan lan unjukan kang sarwa enak. Ora let suwe sawise seneng-seneng, adicara main dhadhu enggal diwiwiti.
            Ing acara main dhadhu kuwi Patih Sengkuni sing dadi bandare. Wiwitane sing dadi totohan mung dhuwit lan emas, kanthi cacah sing ora akeh. Ing kono para Pandhawa bisa menang. Sawise kuwi totohane saya tambah gedhe. Cacahe emas lan bandha donya sing dadi totohan saya tambah akeh. Ing kono kadhang Pandhawa sing menang, kadhang Kurawa sing menang. Durung marem rasa atine Duryudana, dheweke nantang Puntadewa supaya ngundhakake totohane. Duryudana kandha yen Pandhawa menang, Praja Ngastina sak isen-isene bakal diwenehake marang Pandhawa. Dene yen Kurawa sing menang, Praja Ngamarta sak isen-isene kudu diwenehake marang Kurawa. Tanpa mikir dawa, Puntadewa enggal nyarujuki lan mung amnut marang panjaluke Duryudana. Dene Pandhawa liyane ora bisa mbantah, jalaran Puntadewa kuwi dulur tuwa.
            Dhadhu dikopyok dening Sengkuni. Nalika dhadhu dibukak, jebul para Kurawa sing menang. Kabeh kuwi ora liya merga tumindak julige Patih Sengkuni.
Para Kurawa padha surak-surak girang gumuyu. Dene para Pandhawa mung meneng wae sinambi ndhiluk. Enggal wae Duryudana nguntabake rasa bungahe kanthi ngenyek para Pandhawa entek-entekan. Duryudana kandha yen, kabeh isen-isene Praja Ngamarta saiki wis dadi duweke Kurawa. Isen-isen kuwi tegese kabeh sing ana neng njerone praja, klebu Dewi Drupadi, bojone Puntadewa. Mula enggal wae Duryudana mrintah marang Dursasana supaya nggawa Drupadi ing Pendhapa Ngastina.
Ora let suwe, Dursasana kasil nggawa Drupadi kanthi kahanan dijambak rambute. Ngerteni yen Mbakyune ipe lagi dipilara, Werkudara enggal arep tumandang. Durung nganti tumandang, Werkudara wis dipenggak dening Puntadewa.
Ora mung semono wae tumindake Para Kurawa. Merga drjade Drupadi dianggep padha karo babu, mula Duryudana mrintah marang Dursasana supaya nguculi sandhangane Drupadi. Werkudara sing keprungu niyate Duryudana, kaya-kaya diobong dhadhane. Dheweke arep tumandang ngajar para Kurawa, nanging sepisan maneh dipenggak dening Puntadewa. Kuwi kabeh jalaran Puntadewa pancen ngrumangsani yen dheweke sing luput.
Dursasana sing watake brangasan kuwi enggal wae nindakake printahe kakange. Kembene Drupadi ditarik dening Dursasana sinambi girang gumuyu. Eloke kahanan, nalika kembene ditarik kuwi jebul ora ana enteke. Suwe anggone Dursasana narik kembene Drupadi, nanging kaya dene ora ana pucuke. Dumadine kaelokan kuwi jebul merga Dewi Drupadi dislametake dening Bathara Darma, bapake Puntadewa. Merga kembene Drpupati prasasat ora ana enteke, wusanane ndadekake Dursasana kasoh lan semaput.
Tumindake para Kurawa kuwi dingerteni dening adipati Dhestharastra. Dheweke mrintahake marang Duryudana supaya enggal nguwisi tumindake kuwi. Dhestharastra uga mrintahake supaya Duryudana mbalekake Praja Ngamarta marang Puntadewa. Keprungu printahe bapake kang kaya mangkono, Duryudana ora sarujuk. Duryudana arep mbantah, nanging dipenging dening Sengkuni. Sengkuni mbisiki marang Duryudana kepriye amrih bapake ora nesu maneh.
Sawise dibisiki Sengkuni, Duryudana banjur ngendika. Dheweke bakal mbalekake Praja Ngamarta marang Pandhawa, nanging ana sarate. Sarate yaiku para Pandhawa kudu dibuwang ing alas luwih dhisik suwene 13 taun. Kanthi peprincen yaiku 12 taun urip ing alas lan sing setaun kudu ndhelik. Yen sing setaun kuwi nganti konangan dening para Kurawa, para Pandhawa kudu mbaleni maneh dibuwang suwene 13 taun.
Puntadewa, nrima sarat saka Duryudana kanthi lila legawane penggalih. Sadurunge para pandhawa budhal menyang alas, Drupadi ngucapake sumpah. Awit saka lara atine marang Dursasana, dheweke sumpah yen rambute ora bakal digelung sadurunge kramas getihe Dursasana. Saliyane Drupadi, Werkudara uga ngucapake sumpah. Werkudara ora trima marang tumindake Dursasana sing banget nistha. Dheweke banjur sumpah yen mbesuk tumeka wayahe perang Baratayuda, dheweke sing bakal mateni lan ngombe getihe Dursasana.
(RPS)

Harya Suman Cidra



            Sengkuni kang nalika isih mudha nduweni jeneng Harya Suman kuwi sejatine kalebu pangeran saka negara Plasajenar. Dheweke isih kapernah adhine Raja Plasajenar sing jenenge Prabu Gendara. Prabu Gendara dhewe kalebu salah sawijine raja kang seda nalika kepingin ngleboni sayembarane Dewi Kunthi Talibrata. Ngerteni yen kakange seda, Harya Suman banjur nedya males ukum marang Pandhu Dewanata, sawijine pangeran saka Ngastina kang kasil mboyong Dewi Kunthi. Nalika tandhing klawan Raden Pandhu, jebul Harya suman kasoran ing jurit. Mula dheweke banjur ngaturake Mbakyune, Dewi Gendari, marang Raden Pandhu minangka tandha pisungsung.
            Dumununge Harya Suman ing Ngastina kuwi mula bukane jalaran dheweke ngetutake Mbakyune, Dewi Gendari. Putri saka Plasajenar kuwi dipek bojo dening Raden Dhestharastra, kakange Raden Pandhu Dewanata. Harya Suman lan Dewi Gendari rumangsa serik atine marang Raden Pandhu. Jalaran sejatine Dewi Gendari kuwi kepingin digarwa dening Raden Pandhu, dudu Raden Dhestharastra. Nganti wusanane Dewi Gendari ngucapake sumpah yen mbesuk anak turune Gendari lan anak turune Pandhu ora bakal bisa akur.
            Raden Pandhu wusanane kagungan putra cacah 3 saka Dewi Kunthi lan 2 saka Dewi Madrim. Dene Dewi Gendari nduwe Putra cacahe 100. Kekarone nuli sinebut para Pandhawa lan para Kurawa. Apa kang dadi sumpahe Gendari mau jebul kaleksanan temenan. Kacarita, para Pandhawa lan Kurawa tansah memungsuhan. Wiwit cilik nganti tumekane dewasa, kekarone tansah beda kekarepan ing samubarange.
            Raden Harya Suman ngrumangsani yen ponakan-ponakane kuwi dudu anake ratu. Mula mokal yen ta mbesuke bisa mukti wibawa, dadi raja ing Praja Ngastina. Suman banjur nduweni tekad, dheweke kudu bisa muktekake ponakan-ponakane. Raden Harya Suman banjur nglilakake kalungguhan raja ing Plasajenar lan masrahake kalungguhan raja Plasajenar marang adhi-adhine. Dheweke tetep kepingin nerusake anggone ngabdi ing Praja Ngastina, supaya bisa golek cara kanggo muktekake para Kurawa.
            Gegayuhane Suman kuwi saya suwe sansaya gedhe. Sithik mbaka sithik dheweke wiwit ngleksanakake apa kang dadi rencanane. Amrih para kurawa bisa dadi raja ing Ngastina, tamtu wae Prabu Pandhu lan anak turune kudu disingkirake. Kanggo nyingkirake Prabu Pandhu, Suman banjur nganakake reka daya. Prabu Pandhu arep diadu karo muride dhewe kang wujud raseksa, yaiku ratu Pringgandani Prabu Kala Tremboko.
            Sekawit Prabu Kala Tremboko arep ngaturi layang undangan marang gurune, Prabu Pandhu. Sadurunge layang kuwi diwaca dening Prabu Pandhu, Suman njupuk layang kuwi lan ngowahi isine layang. Sing sekawit isine layang undangan, diowahi dadi layang panantang. Prabu Pandhu banjur ngutus marang Patihe, yaiku Raden Gandamana supaya golek sisik melik ngenani layange Prabu Tremboko kang ora kaya sabene. Patih Gandamana diutus menyang Pringgandani saperlu nakokake bab layang kuwi marang Prabu Tremboko.
            Nalika Patih Gandamana wis tumeka ing tapel wates praja Ngastina lan Pringgandani, dumadakan wis dumadi paprangan luwih dhisik. Paprangan dumadi antarane wadya bala Ngastina kang dipimpin dening para Kurawa lumawan para wadya Pringgandani. Enggal-enggal Patih Gandamana weneh pambiyantu marang para wadya pimpinane Kurawa kang katon kuwalahen ngadhepi kridhane wadya Pringgandani. Nalika Patih Gandamana lumebu ing papan paprangan, Harya Suman Banjur mrintahake marang para Kurawa supaya mundur. Ninggalake Gandamana kang dhewekan ngadhepi wadya Pringgandani pimpinane Raden Harimba.
            Raden Gandamana kang kondhang sekti mandraguna, nyatane kasil ngundurake wadya bala Pringgandani. Raden Harimba sadulur-dulure kapeksa mundur saka papan paprangan. Ing tengah-tengah kedadeyan kuwi, dumadakan Harya Suman nemoni Raden Harimba. Harya Suman kandha yen sejatine Prabu Pandhu ora gelem perang, nanging sing meksa perang kuwi Gandamana. Mula Raden Harimba kudu bisa mateni Gandamana. Mula saka kuwi, Suman banjur ngandhani Harimba ngenani carane mateni Gandamana.
            Jumbuh klawan pamrayogane Harya Suman, Raden Harimba lan para wadya banjur nggawe luweng. Gandamana dipanas-panasi atine kanthi cara ditantang gelut. Nalika Gandamana nyedhak ing luweng, dheweke dijongkrokna nganti lumebu ing luweng. Sawise kuwi wadya Pringgandani enggal ngubur Gandamana kanthi cara nguncalake watu-watu gedhe ing luweng kasebut.
            Harya Suman bungah, jalaran salah siji pepalange wis klakon mati. Dheweke banjur weneh palapuran marang prabu Pandhu yen Patih Gandamana wis seda. Prabu Pandhu rumangsa susah atine, merga kelangan patih kang banget dipercaya. Ing tengah-tengah swasana susah lan nyedhaki paprangan, Prabu Pandhu banjur weneh kapercayan marang Suman, supaya nggenteni kalungguhane Gandamana.
            Sawetra iku, Raden Yama Widura sing ngerteni kedadeyan gandamana lumebu luweng, banjur enggal enggal aweh pitulungan. Dheweke enggal-enggal ngetokake Gandamana saka luweng kasebut. Jebule nadyan wis dibregi watu-watu gedhe, Gandamana tetep isih urip. Yama Widura banjur nyritakake kedadeyan sing dingerteni marang Gandamana. Dheweke cerita yen Harya Suman sing ngrenah marang patine Gandamana. Gandamana katon nesu banget. Dheweke enggal oncat saka papan kono saperlu nggoleki Harya Suman.
            Ing praja Ngastina, Harya Suman katon seneng banget jalaran kekarepane wis kasembadan. Dheweke glelang-gleleng sinambi mlaku-mlaku ing taman kepatihan Praja Ngastina. Dumadakan, Gandamana teka ing papan kono. Enggal wae Harya Suman dicandhak lan diajar entek-entekan. Harya Suman disadhuk, disotho, lan dipulasara. Tangane dicoklek, nganti Suman mbengok banter. Sikile dicoklek nganti Suman sambat ngaruwara. Gandamana nguntabake kanepsone kaya dene macan sing kepethuk mangsane.
            Tumindake Gandamana kuwi dingerteni dening Prabu Pandhu, Adipati Dhestharastra lan Dewi Gendari. Dewi Gendari enggal mbengok lan nangis banter sawise ngaweruhi kahanan adhine sing dipulasara dening Gandamana. Dewi Gendari banjur njaluk marang Prabu Pandhu supaya Gandamana diwenehi ukuman, jalaran wis tumindak sawenang-wenang. Prabu Pandhu sing mung ngerteni anggone Gandamana ngajar Harya Suman, banjur menehi pidana marang Gandamana. Gandamana ditundhung saka Ngastina lan ora dikeparengake dumunung ing Ngastina maneh.
Gandamana susah atine. Sanadyan dheweke ngerti yen ora luput, nanging dheweke mung bisa ngestokake dhawuhe Sang Nata kang uga gurune kuwi. Gandamana banjur enggal oncat saka Praja Ngastina. Lungane Gandamana ngepasi karo tekane Raden Yama Widura ing papan kono. Raden Yamawidura banjur ngluputake marang Prabu Pandhu. Prabu Pandhu nesu lan takon geneya Widura kandha kaya ngono. Enggal wae Widura nyritakake kedadeyan sing satemene marang Pandhu. Ngerteni cerita sing satemen saka Widura, Prabu Pandhu banjur getun banget. Dheweke getun wis midana marang wong sing ora luput.
Dina gumanti, minggu gumanti. Raden Harya Suman sing sekawit bagus praupane lan gagah pidegsa dedeg piadege, saiki dadi cacat. Tangane cekre, sikile dhingklang, lan praupane dadi perot. Dheweke malih dadi ala rupane merga saka gunaman utawa unine dhewe. Mula, wiwit dina kuwi dheweke uga diarani Sengkuni. Sanadyan wis malih ala rupane, dheweke ora getun. Dheweke rada lega atine jalaran wis klakon nyingkrihake salah siji pawongan kang dinaggep bisa dadi pepalang marang gegayuhane.
(RPS)

Jumat, 03 Agustus 2018

JAMU INGARAN TAMBA TRADHISIONAL


JAMU INGARAN TAMBA TRADHISIONAL
Butuhane pawongan kanggo golek tamba ndadekake dheweke nglakoni maneka cara amrih bisa pulih kaya adate. Bab iki wis lumrah jalaran meh kabeh manungsa mesthi ora seneng yen kedunungan lara. Saben krasa lara nadyan sethithik, mesthi enggal ngupayakake bisane pulih kuwarasane. Apa maneh yen nandhang lelara sing nemen, tamtu ana ngendi wae dununge tamba bakal diparani. Mbuh kuwi mertamba neng dokter, dhukun, ngggunakake obat-obatan, apa dene nggunakake tamba-tamba tradhisional.
Ing jaman sing  sarwa ana iki, pilihan tetamba tumrape wong sing nandhang lelara uga maneka warna. Ana sing milih tamba asipat modern, nanging ana uga sing tetep milih tamba kang sipate tradhisional. Pawongan kang milih tamba modern, kaya dene mertamba neng dokter lan nggunakake obat-obatan, kuwi merga tamba modern dianggep nduwe ukuran lan jaminan kwalitas kang cetha. Bab iki jalaran tamba modern umume wis nggunakake panliten-panliten tartamtu amrih bisa ngasilake obat kang pas kanggo lelara tartamtu. Dene wong sing isih milih tamba tradhisional kuwi umume nduweni anggepan yen tamba tradhisional kuwi luwih aman lan “ramah lingkunagn” tinimbang tamba modern. Saliyane kuwi, tamba tradhisional uga wis kauji turun-temurun wiwit saka mbah-mbahe biyen.
Tamba-tamba tradhisional sing wujude obat nduweni jinis kang maneka warna. Menawa dideleng saka carane nggawe lan tata carane nguji kasiyat, obat tradhisional kaperang dadi telu. Sing sepisan yaiku jamu, kaping pindho Obat Herbal Terstandar (OHT), lan kaping telu  yaiku Fitofarmaka. Jamu kuwi jinis obat tradhisional sing paling dingerteni dening masarakat. Jamu kuwi mana salah siji jinis obat tradhisional kang digawe saka maneka tetanduran lan liya-liyane sing nduweni kasiyat kanggo manungsa. Dene sing diarani jamu yaiku jinis obat tradhisional sing anggone nggawe lan nguji kasiyate amung sarana uji empiris. Tegese yaiku amung sarana pengalaman turun-temurun yen jamu sing digawe kuwi nduweni kasiyat. Dene OHT kuwi salah sijine jinis obat tradhisional sing anggone nggawe lan nguji kasiyate wis nggunakake uji pra-klinis utawa wis diuji cobakake marang kewan. OHT uga diarani minangka obat tradhisional sing aman saka uji toksisitas. Sabanjure, Fitofarmaka yaiku salah siji jinis obat tradhisional sing anggone nggawe lan nguji kasiyate wis lumantar uji pra klinis lan uji klinis marang manungsa. Fitofarmaka iki uga bisa diarani wis aman uji toksisitas.
Saka telung jinis obat tradhisional ing ndhuwur, jamu kalebu obat tradhisional sing paling kuna. tegese yaiku jamu wis ana luwih dhisik tinimbang jinis obat tradhisional liyane. Kanthi wis anane jamu wiwit biyen ing tanah Jawa, nuduhake yen leluhure wong Jawa pancen kalebu wong sing unggul utawa pinter. Bisa diarani ngono jalaran leluhure wong Jawa wis ngerti marang kasiyat kang kinandhut sajrone tanduran-tanduran tumrap kasarasane manungsa. Nganti wusane bisa diracik dadi meneka jamu lan digunakake minangka tetamba kang migunani tumrap bebrayan.
Anut pangrembakane jaman, maneka warna tamba saiki wis sumadhiya. Sanadyan kaya ngono, jamu tetep isih dadi salah siji tamba sing akeh digunakake dening masarakat. Jamu isih diakoni minangka sawijine tamba sing mandi kanggo ngusadani lelara utawa njaga kasarasane awak. Iki bisa dideleng kanthi isih akehe toko-toko obat tradhisional kang nyedhiyakake jamu minangka salah siji dagangane. Saliyane kuwi ing karang padesan, uga isih akeh bakul-bakul jamu sing mider nyedhiyakake jamu kanggo para langganane. Ana bakul jamu sing nggendhong rinjing, ana sing numpak sepedhah onthel, lan liya-liyane.
Ora bisa diselaki, pancen cacahe para pandhemen jamu wis suda yen ditandhingake karo jaman biyene. Sanadyan kaya ngono, nanging ora banjur bisa diarani yen para pandhemen jamu wis ora ana. Jalaran isih akeh tinemu para nom-noman, malah bocah cilik sing uga isih kerep ngombe jamu. Tumrape para nom-noman utawa bocah cilik sing seneng ngombe jamu, lumrahe nduweni tujuwan ngramut lan njaga kasarasan. Dene tumrape wong sing wis dewasa utawa wong sepuh, lumrahe kanggo njaga lan uga nambani lelara tartamtu.
Nganti saiki isih akeh jinise jamu sing kerep digunakake minangka tamba apa dene sarana ngramut kasarasan dening bebrayan Jawa. Tuladhane jamu sing isih kerep diombe dening bebrayan Jawa nganti saiki yaiku jamu beras kencur, kunir asem, sinom, paitan, kunci suruh, lan sapungglane. Jamu beras kencur nduweni guna ndadekake doyan mangan, ngilangake pegel linu, lan nambah tenaga. Jamu kunir asem nduweni guna tumrape wong wadon yaiku kanggo nyuda rasa lara nalikane menstruasi. Saliyane kuwi uga bisa kanggo diet lan kanggo ngramut kulit. Dene jamu sinom gunane yaiku bisa ndadekake doyan mangan, kanggo tamba maag, lan minangka tamba keputihan tumrape wong wadon. Sabanjure yaiku jamu paitan, yaiku jamu kang dianggep paling pait. Jamu paitan gunane akeh. Ing anatarane yaiku kanggo tamba pegel-pegel, ndadekake doyan mangan, nyuda bebayane diabetes, lan uga kanggo terapi cuci darah. Dene kang pungkasan yaiku jamu kunci suruh. Jamu kunci suruh iki umumae kanggo para wanita. Gunane yaiku bisa kanggo ngilangake keputihan, ngilangake gandane awak sing ora enak, ngrapetake bagian kewanitaan, uga kanggo nguwatake untu.
Jamu minangka kaskaya sing awujud dudu barang kang diduweni dening wong Jawa. Jamu uga bisa diarani minangka bukti yen leluhure wong Jawa kuwi pancen pawongan kang unggul lan wasis. Para leluhur kita wis maringi tetinggalan kang banget mupangati tumrap kita kabeh. Mula saka kuwi minangka tetinggalan budaya kang nyata mupangati, kita mesthine bisa ngajeni. Wujud pangaji-aji kanggo jamu bisa kanthi cara nyenengi, nggunakake, lan nyinaoni kawruh bab jamu kanthi temenan. Kuwi kabeh wigati kanggo dilakoni supaya ing tembe mburi, anak putu kita kabeh tetep bisa ngerteni yen leluhure kuwi kalebu pawongan kang nduweni kaluwihan.
(RPS)

KESASTRAAN

Kesusastraan Jawa yang Monumental


Kesusatraan Jawa dapat dikatakan sebagai kesusastraan yang telah berumur cukup tua dikawasan nusantara. dikatakan cukup tua karena kesusastraan Jawa mulai terlihat ketika adanya sebuah karya monumental yang bahkan sangat dikenal hingga sekarang. Hal ini tidak lain adalah munculnya Kakawin Ramayana atau yang lebih dikenal dengan epos Ramayana. Kakawin Ramayana sebenarnya bukanlah karya sastra asli dari Jawa atau buatan pujangga Jawa. Cerita epos Ramayana sebenarnya adalah sebuah karya monumental yang berasal dari tanah Hindustan atau India. Cerita ini dibuat oleh sorang pujangga India yang menyebutkan dirinya sebagai Resi Walmiki. Kemudian oleh pujangga Jawa, cerita ini disyadur kedalam bahasa Jawa Kuna.
Kesusastraan Jawa kemudian berkembang dengan menghasilkan berbagai karyasastra. Walaupun pada awalnya hanya menghasilkan karya sastra syaduran, tetapi padha perkembangannya akhirnya para pujangga Jawa bisa menghasilkan karya-karya monumental yang asli berjiwa dan bernafaskan Jawa. 
Kesusastraan Jawa dibagi menjadi 4 bagian. Pembagian ini didasarkan pada rentang waktu dan jenis karya yang dihasilkan pada rentang waktu tersebut. Pertama adalah Kesusastraan Jawa Kuna, kedua kesusastraan Jawa Pertengahan, ketiga Kesusastraan Jawa Baru, dan yang erakhiradalah kesusastraan Jawa Mutakhir atau gagrag anyar.
Dari masing masing masa tersebut, menghasilkan karya-karya yang bisa dikatakan sebagai maha karya. dikatakan sebagai maha karya karena hingga sekarang karya-karya tersebut masih dikenang dan digunakan oleh para penikmat dan masyarakatnya. Kesusastraan Jawa Kuna misalnya, ada beberapa karya seperti halnya Kakawin Ramayana, Mahabarata, Kresnayana, Gathutkacasraya, dll. Sedangkan pada masa Kesustraan Jawa Pertengahan yang berkembangnya ketika masa pertengahan kerajaan Majapahit hingga keruntuhannya, juga menghasilkan beberapa karya yang sangat monumental. Diantaranya adalah Negarakrtagama, Pararaton, Kidung Ranggalawe, Kidung Harsawijaya, Kidung Sundha, cerita Panji, calon arang, dll. Bahkan kitab Negarakrtagama dan Pararaton merupakan salah satu dari sumber sejarah terpenting tentang kerajaan Majapahit dan Singasari. Selanjutnya pada masa Kesusasraan Jawa Baru karya-karya yang dihasilkan diantaranya adalah Serat Centhini, Serat Darmagandhul, Kalatidha, Tripama, Jangka Jaya Baya, dll. Selanjutnya pada masa Kesusastraan Jawa Mutakhir, walaupun tidak sehebat masa-masa sebelumnya, pada masa ini juga menghasilkan beberapa karya yang bagus. diantaranya adalah Serat Riyanto, yang merupakan sebaga tonggak kemunculan Kesusastraan Jawa Gagrag Anyar. Berbagai kumpulan cerita cekak, kumpulan geguritan dan banyak sekali novel dengan berbagai tema juga telah dihasilkan para sastrawan pada masa ini. 
Sastra Jawa yang muncul ketika lahirnya Kakawin Ramayana ditanah Jawa (ketika masa pemerintahan Dyah Balitung, Mataram Hindu) kira -kira pada awal abad kesepluh, sampa sekarang ternyata masih juga eksis. hal ini dibuktikan denga adanya karya-karya sastra yang berupa novel, cerita pendek, dan puisi-puisi yang dihasilkan oleh para sastrawan Jawa. Jika kita hitung, maka usia sastra Jawa kira-kira sudah 11 abad atau 1100 tahun.

Padhepokan Sawunggaling