Sang Maharsi Bisma
Kacarita ing Praja Ngastina ana
sawijine pangeran kang kondhang kaloka sekti mandraguna. Pangeran kasebut
jenenge Raden Dewabrata. Raden Dewabrata mana putrane raja ing Ngastina, Prabu
Sentanu, karo garwa Dewi Gangga.
Laire Raden Dewabrata rinenggan
dening kedadeyan-kedadeyan kang aeng. Sejatine Raden Dewabrata kuwi putrane
Prabu Sentanu lan Dewi Gangga kang kaping 8. Emane, dulur-dulure Dewabrata
kabeh padha nemahi pati nalika lagi wae dilairake. Bab kuwi ora liya merga
tumindake Dewi Gangga dhewe. Saben-saben nglairake putra, sakala kuwi uga Dewi
Gangga nyemplungake putrane menyang bengawan. Bab kuwi dumadi wiwit laire putra
kang kaping sepisan nganti putra kapitu.
Prabu
Sentanu ora wani menggak apa dene takon, jalaran dheweke wis kadhung janji
marang Dewi Gangga. Nalika Sentanu nglamar Gangga, Dewi Gangga njaluk sarat
yaiku Sentanu ora bakal menging lan ora bakal nakokake sakabehe tumindake Dewi
Gangga. Prabu Sentanu sarujuk, banjur Dewi Gangga kersa didadekake garwa.
Nalika Dewi Gangga nglairake putra
kang kaping 8, dheweke uga arep nyemplungake putrane menyang bengawan. Prabu
Sentanu ngerteni tumindake Dewi Gangga kasebut. Dheweke sajak wis ora kuwat
maneh nyekel janjine. Enggal wae Prabu Sentanu menggak marang tumindake Dewi
Gangga. Prabu Sentanu banjur takok marang Dewi Gangga, geneya kok dheweke tega
mateni anake dhewe nganti ping pitu. Dewi gangga menehi wangsulan kang ora dikira
dening Prabu Sentanu. Dewi Gangga matur yen dheweke sejatine sawijine widadari
kang lagi nglakoni darma utawa kuwajiban. Dheweke diutus dening para dewa
supaya urip neng alam donya. Perlune yaiku supaya bisa nulungi wolung Wasu
(wong suci) kang lagi kena paukumane dewa. Wolung wasu kasebut kudu lair ing donya
luwih dhisik yen kepingin bali maneh ing swargaloka. Mula saka kuwi saben
nglairake anak, banjur enggal dicemplungake bengawan. Tujuwane yaiku amrih para
wasu kasebut enggal bisa bali ing kahyangan.
Prabu Sentanu mung bisa meneng. Dewi
Gangga matur yen dheweke kudu bali ing kahyangan jalaran pakaryane ing bumi wis
rampung. Prabu Sentanu banjur dititipi supaya kersa momong anake, yaiku
Dewabrata.
Suwene-suwe Raden Dewabrata tuwuh
dadi nom-noman kang sekti mandraguna, becik bebudene, lan bekti marang wong
tuwa. Prabu Sentanu banget anggone tresna marang Dewabrata. Mula, Dewabrata
enggal didadekake minangka pangeran pati (putra
mahkota) Praja Ngastina.
Sawijine dina, Dewabrata ngerteni
yen Prabu Sentanu lagi susah atine. Dewabrata ngerti yen bapake kuwi susah
amerga lagi ketaman asmara marang sawijine wanita. Awit saka rasa tresna lan
bektine marang wong tuwa, Dewabrata nawakake arep nglamarake wanita kuwi kanggo
ramane. Prabu Sentanu banjur kandha yen dheweke lagi kayungyun karo Dewi
Durgandini, putri saka negara Wiratha.
Kanthi nggawa sabergada prajurit,
Raden Dewabrata budhal menyang Wiratha kanthi nggawa sangu donga pangestu saka
ramane. Tumeka ing Praja Wiratha, Raden Dewabrata enggal wae ngandhakake apa
kang dadi sedyane marang Dewi Durgandini. Dewi Durgandini gelem nampa
panglamare Prabu Sentanu kang lumantar Dewabrata kuwi, nanging ana sarate.
Dewabrata banjur kandha yen ta apa wae sarate bakal dilakoni. Dewi Durgandini
banjur kandha yen sarate yaiku mbesuk sing dadi raja ing Praja Ngastina kudu
anake Durgandini. Raden Dewabrata enggal wae nyarujuki apa kang dadi sarate
Durgandini, sanadyan ta nalika kuwi dheweke wis diangkat dadi pangeran pati.
Dewi Durgandini bali matur yen atine
isih kuwatir. Dheweke kuwatir yen mbesuk anak turune Dewabrata bakal
ngucik-ucik utawa ngundhat-undhat kalungguhan raja ing Ngastina. Raden
Dewabrata ambegan dawa. Amrih Dewi Durgandini ora kuwatir maneh, Dewabrata
banjur ngucap sumpah. Kanthi ati kang tulus, Dewabrata ngucapake sumpah yen
dheweke bakal urip wahdat utawa ora rabi selawase. Awit saka janji kang banget
tulus kanggo labuh marang wong tuwa kuwi, Raden Dewabrata banjur sinebut Bisma.
Sawise ngucapake sumpah yen ora
bakal rabi selawase, Bisma banjur nglakoni uripe kaya dene brahmacari utawa
resi. Dheweke ngugemi janjine kang ora bakal njaluk kalungguhan raja ing
Ngastina. Sawise Prabu Sentanu kapundhut, kalungguhan raja ing Ngastina banjur
diwenehake marang putrane Durgandini, Citranggada. Emane ora suwe anggone dadi
raja, Citranggada kaselak kapundhut dening dewa. Sawise Citranggada ora ana,
pusarane praja Ngastina dicekel dening Wicitrawirya, adhike Citranggada. Dene
resi Bisma, tetep dadi pandhitane negara.
Sawijine dina, Resi Bisma kautus
dening Ratu Durgandini supaya budhal menyang Praja Kasipura. Ing kono dheweke
diwenehi tugas ngleboni sayembara kang dianakake dening Raja Kasipura. Bisma
diutus minangka wakile Wicitrawirya, kanggo nglamar putra putrine Raja
Kasipura.
Ing Praja Kasipura sayembara wis
siyaga. Putra-putrane Raja Kasipura, Raden Wahmuka lan Arimuka, wis siyaga ing
jurit. Sapa wae sing bisa ngalahake kekarone, bakal bisa mboyong Dewi Amba,
Ambika, lan Ambalika. Sanadyan kekarone awujud buta, nanging kekarone nyata
sekti mandraguna. Awit saka kasektene sing banget ngedap-edapi kuwi, sakabehe
raja sing ngleboni sayembara ora ana sing bisa ngalahake kekarone.
Resi Bisma teka ing Praja Kasipura. Sawise
ngandhakake apa kang dadi kekarepane, Resi Bisma enggal munggah ing blabar
kawat kadherekake dening Raden Wahmuka lan Arimuka. Resi Bisma klakon perang
tandhing klawan Wahmuka lan Arimuka kanthi kasekten kang ngedab-edabi. Sanadyan
Wahmuka lan Arimuka Sekti mandraguna, nanging Resi Bisma luwih sekti tinimbang
putra raja Kasipura kasebut. Nganti wusanane Resi Bisma bisa ngalahake
kekarone.
Jumbuh klawan bebana saka sayembara
kasebut, Resi Bisma wusanane klakon mboyong putri Amba, Ambika, lan Ambalika. Nalika
katelune arep diboyong menyang Praja Ngastina, Putri Amba ora enggal munggah
ing kreta kencana. Resi Bisma ngongkon marang Amba supya enggal munggah ing
kreta, nanging Amba tetep ora gelem. Amba banjur kandha marang Bisma yen
dheweke wis prasetya bakal rabi karo pawongan sing kasil menangake sayembara.
Kamangka ing sayembara kasebut sing menang Bisma. Nalika Amba nyawang kridhane
Bisma sajrone prang tandhing lumawan adhi-adhine, ing atine Dewi Amba banjur
tuwuh rasa tresna marang Bisma. Keprungu ature Dewi Amba, Bisma banjur kaget. Dheweke
ora ngira yen Amba nduweni rasa tresna marang dheweke.
Bisma banjur eling marang janjine. Dheweke
ora bisa nuruti apa kang dadi rasa pangrasane Dewi Amba, sanadyan sejatine
dheweke uga kesengsem marang Dewi Amba. Bisma banjur kandha marang Amba yen
dheweke kuwi sawijine Brahmacari, wong sing urip wahdat. Mula ora bakal bisa
nduweni garwa. Dewi Amba keprungu ature Bisma ora tamba kendho nanging saya
temenan anggone matur yen dheweke mung gelem dadi bojone Bisma. Sanadyan dikandhani
bola-bali dening Bisma, nanging Dewi Amba tetep ngeyel. Awit saka jengkele
jalaran ora bisa ngendhalani kekarepane Amba, Resi Bisma banjur ngetokake
jemparing lan panah. Dewi Amba diancam kanthi ethok-ethokan, yen dheweke bakal
dipanah yen ora gelem manut. Drodosan kringete Resi Bisma awit saka rasa
ndhredege. Kringet nelesi tangane, nganti ora krasa panah kang dipenthangake
jebul mrucut. Panah kasebut banjur mlesat, ngenani awake Dewi Amba. Resi Bisma
sanalika mlayu, nampane awake Dewi Amba kang rubuh godres getih. Nalika arep
tumakene pati, Dewi Amba banjur ngendika yen dheweke tetep tresna marang Bisma.
Dewi Amba banjur kandha yen mbesuk Dewi Amba sing bakal mapag patine Resi
Bisma.
Dewi Amba banjur seda, ninggalake
Resi Bisma sing tawang-tawang tangis. Dhewke nggetuni marang nasibe Dewi Amba,
sing ora bisa kasembadan apa kang dadi kekarepane.