Cari Disini

Rabu, 12 September 2018

Sang Maharsi Bisma


Sang Maharsi Bisma
            Kacarita ing Praja Ngastina ana sawijine pangeran kang kondhang kaloka sekti mandraguna. Pangeran kasebut jenenge Raden Dewabrata. Raden Dewabrata mana putrane raja ing Ngastina, Prabu Sentanu, karo garwa Dewi Gangga.
            Laire Raden Dewabrata rinenggan dening kedadeyan-kedadeyan kang aeng. Sejatine Raden Dewabrata kuwi putrane Prabu Sentanu lan Dewi Gangga kang kaping 8. Emane, dulur-dulure Dewabrata kabeh padha nemahi pati nalika lagi wae dilairake. Bab kuwi ora liya merga tumindake Dewi Gangga dhewe. Saben-saben nglairake putra, sakala kuwi uga Dewi Gangga nyemplungake putrane menyang bengawan. Bab kuwi dumadi wiwit laire putra kang kaping sepisan nganti putra kapitu.
Prabu Sentanu ora wani menggak apa dene takon, jalaran dheweke wis kadhung janji marang Dewi Gangga. Nalika Sentanu nglamar Gangga, Dewi Gangga njaluk sarat yaiku Sentanu ora bakal menging lan ora bakal nakokake sakabehe tumindake Dewi Gangga. Prabu Sentanu sarujuk, banjur Dewi Gangga kersa didadekake garwa.
            Nalika Dewi Gangga nglairake putra kang kaping 8, dheweke uga arep nyemplungake putrane menyang bengawan. Prabu Sentanu ngerteni tumindake Dewi Gangga kasebut. Dheweke sajak wis ora kuwat maneh nyekel janjine. Enggal wae Prabu Sentanu menggak marang tumindake Dewi Gangga. Prabu Sentanu banjur takok marang Dewi Gangga, geneya kok dheweke tega mateni anake dhewe nganti ping pitu. Dewi gangga menehi wangsulan kang ora dikira dening Prabu Sentanu. Dewi Gangga matur yen dheweke sejatine sawijine widadari kang lagi nglakoni darma utawa kuwajiban. Dheweke diutus dening para dewa supaya urip neng alam donya. Perlune yaiku supaya bisa nulungi wolung Wasu (wong suci) kang lagi kena paukumane dewa. Wolung wasu kasebut kudu lair ing donya luwih dhisik yen kepingin bali maneh ing swargaloka. Mula saka kuwi saben nglairake anak, banjur enggal dicemplungake bengawan. Tujuwane yaiku amrih para wasu kasebut enggal bisa bali ing kahyangan.
            Prabu Sentanu mung bisa meneng. Dewi Gangga matur yen dheweke kudu bali ing kahyangan jalaran pakaryane ing bumi wis rampung. Prabu Sentanu banjur dititipi supaya kersa momong anake, yaiku Dewabrata.
            Suwene-suwe Raden Dewabrata tuwuh dadi nom-noman kang sekti mandraguna, becik bebudene, lan bekti marang wong tuwa. Prabu Sentanu banget anggone tresna marang Dewabrata. Mula, Dewabrata enggal didadekake minangka pangeran pati (putra mahkota) Praja Ngastina.
            Sawijine dina, Dewabrata ngerteni yen Prabu Sentanu lagi susah atine. Dewabrata ngerti yen bapake kuwi susah amerga lagi ketaman asmara marang sawijine wanita. Awit saka rasa tresna lan bektine marang wong tuwa, Dewabrata nawakake arep nglamarake wanita kuwi kanggo ramane. Prabu Sentanu banjur kandha yen dheweke lagi kayungyun karo Dewi Durgandini, putri saka negara Wiratha.
            Kanthi nggawa sabergada prajurit, Raden Dewabrata budhal menyang Wiratha kanthi nggawa sangu donga pangestu saka ramane. Tumeka ing Praja Wiratha, Raden Dewabrata enggal wae ngandhakake apa kang dadi sedyane marang Dewi Durgandini. Dewi Durgandini gelem nampa panglamare Prabu Sentanu kang lumantar Dewabrata kuwi, nanging ana sarate. Dewabrata banjur kandha yen ta apa wae sarate bakal dilakoni. Dewi Durgandini banjur kandha yen sarate yaiku mbesuk sing dadi raja ing Praja Ngastina kudu anake Durgandini. Raden Dewabrata enggal wae nyarujuki apa kang dadi sarate Durgandini, sanadyan ta nalika kuwi dheweke wis diangkat dadi pangeran pati.
            Dewi Durgandini bali matur yen atine isih kuwatir. Dheweke kuwatir yen mbesuk anak turune Dewabrata bakal ngucik-ucik utawa ngundhat-undhat kalungguhan raja ing Ngastina. Raden Dewabrata ambegan dawa. Amrih Dewi Durgandini ora kuwatir maneh, Dewabrata banjur ngucap sumpah. Kanthi ati kang tulus, Dewabrata ngucapake sumpah yen dheweke bakal urip wahdat utawa ora rabi selawase. Awit saka janji kang banget tulus kanggo labuh marang wong tuwa kuwi, Raden Dewabrata banjur sinebut Bisma.
            Sawise ngucapake sumpah yen ora bakal rabi selawase, Bisma banjur nglakoni uripe kaya dene brahmacari utawa resi. Dheweke ngugemi janjine kang ora bakal njaluk kalungguhan raja ing Ngastina. Sawise Prabu Sentanu kapundhut, kalungguhan raja ing Ngastina banjur diwenehake marang putrane Durgandini, Citranggada. Emane ora suwe anggone dadi raja, Citranggada kaselak kapundhut dening dewa. Sawise Citranggada ora ana, pusarane praja Ngastina dicekel dening Wicitrawirya, adhike Citranggada. Dene resi Bisma, tetep dadi pandhitane negara.
            Sawijine dina, Resi Bisma kautus dening Ratu Durgandini supaya budhal menyang Praja Kasipura. Ing kono dheweke diwenehi tugas ngleboni sayembara kang dianakake dening Raja Kasipura. Bisma diutus minangka wakile Wicitrawirya, kanggo nglamar putra putrine Raja Kasipura.
            Ing Praja Kasipura sayembara wis siyaga. Putra-putrane Raja Kasipura, Raden Wahmuka lan Arimuka, wis siyaga ing jurit. Sapa wae sing bisa ngalahake kekarone, bakal bisa mboyong Dewi Amba, Ambika, lan Ambalika. Sanadyan kekarone awujud buta, nanging kekarone nyata sekti mandraguna. Awit saka kasektene sing banget ngedap-edapi kuwi, sakabehe raja sing ngleboni sayembara ora ana sing bisa ngalahake kekarone.
            Resi Bisma teka ing Praja Kasipura. Sawise ngandhakake apa kang dadi kekarepane, Resi Bisma enggal munggah ing blabar kawat kadherekake dening Raden Wahmuka lan Arimuka. Resi Bisma klakon perang tandhing klawan Wahmuka lan Arimuka kanthi kasekten kang ngedab-edabi. Sanadyan Wahmuka lan Arimuka Sekti mandraguna, nanging Resi Bisma luwih sekti tinimbang putra raja Kasipura kasebut. Nganti wusanane Resi Bisma bisa ngalahake kekarone.
            Jumbuh klawan bebana saka sayembara kasebut, Resi Bisma wusanane klakon mboyong putri Amba, Ambika, lan Ambalika. Nalika katelune arep diboyong menyang Praja Ngastina, Putri Amba ora enggal munggah ing kreta kencana. Resi Bisma ngongkon marang Amba supya enggal munggah ing kreta, nanging Amba tetep ora gelem. Amba banjur kandha marang Bisma yen dheweke wis prasetya bakal rabi karo pawongan sing kasil menangake sayembara. Kamangka ing sayembara kasebut sing menang Bisma. Nalika Amba nyawang kridhane Bisma sajrone prang tandhing lumawan adhi-adhine, ing atine Dewi Amba banjur tuwuh rasa tresna marang Bisma. Keprungu ature Dewi Amba, Bisma banjur kaget. Dheweke ora ngira yen Amba nduweni rasa tresna marang dheweke.
            Bisma banjur eling marang janjine. Dheweke ora bisa nuruti apa kang dadi rasa pangrasane Dewi Amba, sanadyan sejatine dheweke uga kesengsem marang Dewi Amba. Bisma banjur kandha marang Amba yen dheweke kuwi sawijine Brahmacari, wong sing urip wahdat. Mula ora bakal bisa nduweni garwa. Dewi Amba keprungu ature Bisma ora tamba kendho nanging saya temenan anggone matur yen dheweke mung gelem dadi bojone Bisma. Sanadyan dikandhani bola-bali dening Bisma, nanging Dewi Amba tetep ngeyel. Awit saka jengkele jalaran ora bisa ngendhalani kekarepane Amba, Resi Bisma banjur ngetokake jemparing lan panah. Dewi Amba diancam kanthi ethok-ethokan, yen dheweke bakal dipanah yen ora gelem manut. Drodosan kringete Resi Bisma awit saka rasa ndhredege. Kringet nelesi tangane, nganti ora krasa panah kang dipenthangake jebul mrucut. Panah kasebut banjur mlesat, ngenani awake Dewi Amba. Resi Bisma sanalika mlayu, nampane awake Dewi Amba kang rubuh godres getih. Nalika arep tumakene pati, Dewi Amba banjur ngendika yen dheweke tetep tresna marang Bisma. Dewi Amba banjur kandha yen mbesuk Dewi Amba sing bakal mapag patine Resi Bisma.
            Dewi Amba banjur seda, ninggalake Resi Bisma sing tawang-tawang tangis. Dhewke nggetuni marang nasibe Dewi Amba, sing ora bisa kasembadan apa kang dadi kekarepane.

(RPS)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar