Sengkuni kang nalika
isih mudha nduweni jeneng Harya Suman kuwi sejatine kalebu pangeran saka negara
Plasajenar. Dheweke isih kapernah adhine Raja Plasajenar sing jenenge Prabu
Gendara. Prabu Gendara dhewe kalebu salah sawijine raja kang seda nalika
kepingin ngleboni sayembarane Dewi Kunthi Talibrata. Ngerteni yen kakange seda,
Harya Suman banjur nedya males ukum marang Pandhu Dewanata, sawijine pangeran
saka Ngastina kang kasil mboyong Dewi Kunthi. Nalika tandhing klawan Raden
Pandhu, jebul Harya suman kasoran ing jurit. Mula dheweke banjur ngaturake
Mbakyune, Dewi Gendari, marang Raden Pandhu minangka tandha pisungsung.
Dumununge Harya Suman
ing Ngastina kuwi mula bukane jalaran dheweke ngetutake Mbakyune, Dewi Gendari.
Putri saka Plasajenar kuwi dipek bojo dening Raden Dhestharastra, kakange Raden
Pandhu Dewanata. Harya Suman lan Dewi Gendari rumangsa serik atine marang Raden
Pandhu. Jalaran sejatine Dewi Gendari kuwi kepingin digarwa dening Raden Pandhu,
dudu Raden Dhestharastra. Nganti wusanane Dewi Gendari ngucapake sumpah yen
mbesuk anak turune Gendari lan anak turune Pandhu ora bakal bisa akur.
Raden Pandhu wusanane
kagungan putra cacah 3 saka Dewi Kunthi lan 2 saka Dewi Madrim. Dene Dewi
Gendari nduwe Putra cacahe 100. Kekarone nuli sinebut para Pandhawa lan para
Kurawa. Apa kang dadi sumpahe Gendari mau jebul kaleksanan temenan. Kacarita,
para Pandhawa lan Kurawa tansah memungsuhan. Wiwit cilik nganti tumekane
dewasa, kekarone tansah beda kekarepan ing samubarange.
Raden Harya Suman
ngrumangsani yen ponakan-ponakane kuwi dudu anake ratu. Mula mokal yen ta
mbesuke bisa mukti wibawa, dadi raja ing Praja Ngastina. Suman banjur nduweni
tekad, dheweke kudu bisa muktekake ponakan-ponakane. Raden Harya Suman banjur
nglilakake kalungguhan raja ing Plasajenar lan masrahake kalungguhan raja
Plasajenar marang adhi-adhine. Dheweke tetep kepingin nerusake anggone ngabdi
ing Praja Ngastina, supaya bisa golek cara kanggo muktekake para Kurawa.
Gegayuhane Suman kuwi saya suwe
sansaya gedhe. Sithik mbaka sithik dheweke wiwit ngleksanakake apa kang dadi
rencanane. Amrih para kurawa bisa dadi raja ing Ngastina, tamtu wae Prabu
Pandhu lan anak turune kudu disingkirake. Kanggo nyingkirake Prabu Pandhu,
Suman banjur nganakake reka daya. Prabu Pandhu arep diadu karo muride dhewe
kang wujud raseksa, yaiku ratu Pringgandani Prabu Kala Tremboko.
Sekawit Prabu Kala Tremboko arep
ngaturi layang undangan marang gurune, Prabu Pandhu. Sadurunge layang kuwi diwaca
dening Prabu Pandhu, Suman njupuk layang kuwi lan ngowahi isine layang. Sing
sekawit isine layang undangan, diowahi dadi layang panantang. Prabu Pandhu
banjur ngutus marang Patihe, yaiku Raden Gandamana supaya golek sisik melik
ngenani layange Prabu Tremboko kang ora kaya sabene. Patih Gandamana diutus
menyang Pringgandani saperlu nakokake bab layang kuwi marang Prabu Tremboko.
Nalika Patih Gandamana wis tumeka
ing tapel wates praja Ngastina lan Pringgandani, dumadakan wis dumadi paprangan
luwih dhisik. Paprangan dumadi antarane wadya bala Ngastina kang dipimpin
dening para Kurawa lumawan para wadya Pringgandani. Enggal-enggal Patih
Gandamana weneh pambiyantu marang para wadya pimpinane Kurawa kang katon
kuwalahen ngadhepi kridhane wadya Pringgandani. Nalika Patih Gandamana lumebu
ing papan paprangan, Harya Suman Banjur mrintahake marang para Kurawa supaya
mundur. Ninggalake Gandamana kang dhewekan ngadhepi wadya Pringgandani
pimpinane Raden Harimba.
Raden Gandamana kang kondhang sekti
mandraguna, nyatane kasil ngundurake wadya bala Pringgandani. Raden Harimba
sadulur-dulure kapeksa mundur saka papan paprangan. Ing tengah-tengah kedadeyan
kuwi, dumadakan Harya Suman nemoni Raden Harimba. Harya Suman kandha yen
sejatine Prabu Pandhu ora gelem perang, nanging sing meksa perang kuwi
Gandamana. Mula Raden Harimba kudu bisa mateni Gandamana. Mula saka kuwi, Suman
banjur ngandhani Harimba ngenani carane mateni Gandamana.
Jumbuh klawan pamrayogane Harya
Suman, Raden Harimba lan para wadya banjur nggawe luweng. Gandamana dipanas-panasi
atine kanthi cara ditantang gelut. Nalika Gandamana nyedhak ing luweng, dheweke
dijongkrokna nganti lumebu ing luweng. Sawise kuwi wadya Pringgandani enggal
ngubur Gandamana kanthi cara nguncalake watu-watu gedhe ing luweng kasebut.
Harya Suman bungah, jalaran salah
siji pepalange wis klakon mati. Dheweke banjur weneh palapuran marang prabu
Pandhu yen Patih Gandamana wis seda. Prabu Pandhu rumangsa susah atine, merga
kelangan patih kang banget dipercaya. Ing tengah-tengah swasana susah lan
nyedhaki paprangan, Prabu Pandhu banjur weneh kapercayan marang Suman, supaya
nggenteni kalungguhane Gandamana.
Sawetra iku, Raden Yama Widura sing
ngerteni kedadeyan gandamana lumebu luweng, banjur enggal enggal aweh
pitulungan. Dheweke enggal-enggal ngetokake Gandamana saka luweng kasebut.
Jebule nadyan wis dibregi watu-watu gedhe, Gandamana tetep isih urip. Yama
Widura banjur nyritakake kedadeyan sing dingerteni marang Gandamana. Dheweke
cerita yen Harya Suman sing ngrenah marang patine Gandamana. Gandamana katon
nesu banget. Dheweke enggal oncat saka papan kono saperlu nggoleki Harya Suman.
Ing praja Ngastina, Harya Suman
katon seneng banget jalaran kekarepane wis kasembadan. Dheweke glelang-gleleng
sinambi mlaku-mlaku ing taman kepatihan Praja Ngastina. Dumadakan, Gandamana
teka ing papan kono. Enggal wae Harya Suman dicandhak lan diajar entek-entekan.
Harya Suman disadhuk, disotho, lan dipulasara. Tangane dicoklek, nganti Suman
mbengok banter. Sikile dicoklek nganti Suman sambat ngaruwara. Gandamana
nguntabake kanepsone kaya dene macan sing kepethuk mangsane.
Tumindake Gandamana kuwi dingerteni
dening Prabu Pandhu, Adipati Dhestharastra lan Dewi Gendari. Dewi Gendari
enggal mbengok lan nangis banter sawise ngaweruhi kahanan adhine sing dipulasara
dening Gandamana. Dewi Gendari banjur njaluk marang Prabu Pandhu supaya
Gandamana diwenehi ukuman, jalaran wis tumindak sawenang-wenang. Prabu Pandhu
sing mung ngerteni anggone Gandamana ngajar Harya Suman, banjur menehi pidana
marang Gandamana. Gandamana ditundhung saka Ngastina lan ora dikeparengake dumunung
ing Ngastina maneh.
Gandamana
susah atine. Sanadyan dheweke ngerti yen ora luput, nanging dheweke mung bisa
ngestokake dhawuhe Sang Nata kang uga gurune kuwi. Gandamana banjur enggal
oncat saka Praja Ngastina. Lungane Gandamana ngepasi karo tekane Raden Yama
Widura ing papan kono. Raden Yamawidura banjur ngluputake marang Prabu Pandhu.
Prabu Pandhu nesu lan takon geneya Widura kandha kaya ngono. Enggal wae Widura
nyritakake kedadeyan sing satemene marang Pandhu. Ngerteni cerita sing satemen
saka Widura, Prabu Pandhu banjur getun banget. Dheweke getun wis midana marang
wong sing ora luput.
Dina
gumanti, minggu gumanti. Raden Harya Suman sing sekawit bagus praupane lan
gagah pidegsa dedeg piadege, saiki dadi cacat. Tangane cekre, sikile
dhingklang, lan praupane dadi perot. Dheweke malih dadi ala rupane merga saka
gunaman utawa unine dhewe. Mula, wiwit dina kuwi dheweke uga diarani Sengkuni.
Sanadyan wis malih ala rupane, dheweke ora getun. Dheweke rada lega atine
jalaran wis klakon nyingkrihake salah siji pawongan kang dinaggep bisa dadi
pepalang marang gegayuhane.
(RPS)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar