Cari Disini

Jumat, 03 Agustus 2018

JAMU INGARAN TAMBA TRADHISIONAL


JAMU INGARAN TAMBA TRADHISIONAL
Butuhane pawongan kanggo golek tamba ndadekake dheweke nglakoni maneka cara amrih bisa pulih kaya adate. Bab iki wis lumrah jalaran meh kabeh manungsa mesthi ora seneng yen kedunungan lara. Saben krasa lara nadyan sethithik, mesthi enggal ngupayakake bisane pulih kuwarasane. Apa maneh yen nandhang lelara sing nemen, tamtu ana ngendi wae dununge tamba bakal diparani. Mbuh kuwi mertamba neng dokter, dhukun, ngggunakake obat-obatan, apa dene nggunakake tamba-tamba tradhisional.
Ing jaman sing  sarwa ana iki, pilihan tetamba tumrape wong sing nandhang lelara uga maneka warna. Ana sing milih tamba asipat modern, nanging ana uga sing tetep milih tamba kang sipate tradhisional. Pawongan kang milih tamba modern, kaya dene mertamba neng dokter lan nggunakake obat-obatan, kuwi merga tamba modern dianggep nduwe ukuran lan jaminan kwalitas kang cetha. Bab iki jalaran tamba modern umume wis nggunakake panliten-panliten tartamtu amrih bisa ngasilake obat kang pas kanggo lelara tartamtu. Dene wong sing isih milih tamba tradhisional kuwi umume nduweni anggepan yen tamba tradhisional kuwi luwih aman lan “ramah lingkunagn” tinimbang tamba modern. Saliyane kuwi, tamba tradhisional uga wis kauji turun-temurun wiwit saka mbah-mbahe biyen.
Tamba-tamba tradhisional sing wujude obat nduweni jinis kang maneka warna. Menawa dideleng saka carane nggawe lan tata carane nguji kasiyat, obat tradhisional kaperang dadi telu. Sing sepisan yaiku jamu, kaping pindho Obat Herbal Terstandar (OHT), lan kaping telu  yaiku Fitofarmaka. Jamu kuwi jinis obat tradhisional sing paling dingerteni dening masarakat. Jamu kuwi mana salah siji jinis obat tradhisional kang digawe saka maneka tetanduran lan liya-liyane sing nduweni kasiyat kanggo manungsa. Dene sing diarani jamu yaiku jinis obat tradhisional sing anggone nggawe lan nguji kasiyate amung sarana uji empiris. Tegese yaiku amung sarana pengalaman turun-temurun yen jamu sing digawe kuwi nduweni kasiyat. Dene OHT kuwi salah sijine jinis obat tradhisional sing anggone nggawe lan nguji kasiyate wis nggunakake uji pra-klinis utawa wis diuji cobakake marang kewan. OHT uga diarani minangka obat tradhisional sing aman saka uji toksisitas. Sabanjure, Fitofarmaka yaiku salah siji jinis obat tradhisional sing anggone nggawe lan nguji kasiyate wis lumantar uji pra klinis lan uji klinis marang manungsa. Fitofarmaka iki uga bisa diarani wis aman uji toksisitas.
Saka telung jinis obat tradhisional ing ndhuwur, jamu kalebu obat tradhisional sing paling kuna. tegese yaiku jamu wis ana luwih dhisik tinimbang jinis obat tradhisional liyane. Kanthi wis anane jamu wiwit biyen ing tanah Jawa, nuduhake yen leluhure wong Jawa pancen kalebu wong sing unggul utawa pinter. Bisa diarani ngono jalaran leluhure wong Jawa wis ngerti marang kasiyat kang kinandhut sajrone tanduran-tanduran tumrap kasarasane manungsa. Nganti wusane bisa diracik dadi meneka jamu lan digunakake minangka tetamba kang migunani tumrap bebrayan.
Anut pangrembakane jaman, maneka warna tamba saiki wis sumadhiya. Sanadyan kaya ngono, jamu tetep isih dadi salah siji tamba sing akeh digunakake dening masarakat. Jamu isih diakoni minangka sawijine tamba sing mandi kanggo ngusadani lelara utawa njaga kasarasane awak. Iki bisa dideleng kanthi isih akehe toko-toko obat tradhisional kang nyedhiyakake jamu minangka salah siji dagangane. Saliyane kuwi ing karang padesan, uga isih akeh bakul-bakul jamu sing mider nyedhiyakake jamu kanggo para langganane. Ana bakul jamu sing nggendhong rinjing, ana sing numpak sepedhah onthel, lan liya-liyane.
Ora bisa diselaki, pancen cacahe para pandhemen jamu wis suda yen ditandhingake karo jaman biyene. Sanadyan kaya ngono, nanging ora banjur bisa diarani yen para pandhemen jamu wis ora ana. Jalaran isih akeh tinemu para nom-noman, malah bocah cilik sing uga isih kerep ngombe jamu. Tumrape para nom-noman utawa bocah cilik sing seneng ngombe jamu, lumrahe nduweni tujuwan ngramut lan njaga kasarasan. Dene tumrape wong sing wis dewasa utawa wong sepuh, lumrahe kanggo njaga lan uga nambani lelara tartamtu.
Nganti saiki isih akeh jinise jamu sing kerep digunakake minangka tamba apa dene sarana ngramut kasarasan dening bebrayan Jawa. Tuladhane jamu sing isih kerep diombe dening bebrayan Jawa nganti saiki yaiku jamu beras kencur, kunir asem, sinom, paitan, kunci suruh, lan sapungglane. Jamu beras kencur nduweni guna ndadekake doyan mangan, ngilangake pegel linu, lan nambah tenaga. Jamu kunir asem nduweni guna tumrape wong wadon yaiku kanggo nyuda rasa lara nalikane menstruasi. Saliyane kuwi uga bisa kanggo diet lan kanggo ngramut kulit. Dene jamu sinom gunane yaiku bisa ndadekake doyan mangan, kanggo tamba maag, lan minangka tamba keputihan tumrape wong wadon. Sabanjure yaiku jamu paitan, yaiku jamu kang dianggep paling pait. Jamu paitan gunane akeh. Ing anatarane yaiku kanggo tamba pegel-pegel, ndadekake doyan mangan, nyuda bebayane diabetes, lan uga kanggo terapi cuci darah. Dene kang pungkasan yaiku jamu kunci suruh. Jamu kunci suruh iki umumae kanggo para wanita. Gunane yaiku bisa kanggo ngilangake keputihan, ngilangake gandane awak sing ora enak, ngrapetake bagian kewanitaan, uga kanggo nguwatake untu.
Jamu minangka kaskaya sing awujud dudu barang kang diduweni dening wong Jawa. Jamu uga bisa diarani minangka bukti yen leluhure wong Jawa kuwi pancen pawongan kang unggul lan wasis. Para leluhur kita wis maringi tetinggalan kang banget mupangati tumrap kita kabeh. Mula saka kuwi minangka tetinggalan budaya kang nyata mupangati, kita mesthine bisa ngajeni. Wujud pangaji-aji kanggo jamu bisa kanthi cara nyenengi, nggunakake, lan nyinaoni kawruh bab jamu kanthi temenan. Kuwi kabeh wigati kanggo dilakoni supaya ing tembe mburi, anak putu kita kabeh tetep bisa ngerteni yen leluhure kuwi kalebu pawongan kang nduweni kaluwihan.
(RPS)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar